Sejarah Desa

30 April 2014 17:20:39 WIB

Ngaturaken Puji miwah Syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos nun injih Allah SWT, awit paringipun Rahmat saha Hidayah dhumateng kula lan panjenengan ing sahengga wonten ing titilaksana menika saget mangimpun Buku Sejarah Adeging Desa Banaran.

Nuwun kula awit saking asmanipun Pemerintah Desa saha masyarakat Desa Banaran ngaturaken agenging panuwun dhumateng Pemerintah Kabupaten Gunungkidul saha para narasumber ingkang sampun kerso paring pambiantu saha paring seserepanipun, ing sahengga anggenipun panyeratan Buku Sejarah Adeging Desa Banaran saget kalampahan kanthi lancar mboten wonten alangan setunggal menapa.

Awit wontenipun Buku Sejarah Cariyos Adeging Desa Banaran menika sageta migunani dhumateng warga masyarakat Desa Banaran sahengga saget mangartosi sejarah leluhur lan ugi saget nguri-uri adat, tradisi saha budaya leluhur, ing satemah warga masyarakat desa banaran saget  guyup rukun, ayom ayem tentrem, rahayu wilujeng, hamemayu hayuning bawono. Amin

Dokumen Lampiran : Dumadine Desa Banaran


Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung